Wanto Tirta
NGENTENI BADA
wening hangening cipta
langen brayan dunya leleran
angen rinengga tibaning wayah
ngalor ngidul padha takon
kapan tekane wulan searit
kang bakal mimiti sedya
sumarahing raga lumering pangapura
lubering manah sepadha umat
padha wutah kangen
lur mulur sedulur endhong tresna
wening hangening cipta
langen brayan dunya leleran
angen rinengga tibaning wayah
ngalor ngidul padha takon
kapan tekane wulan searit
kang bakal mimiti sedya
sumarahing raga lumering pangapura
lubering manah sepadha umat
padha wutah kangen
lur mulur sedulur endhong tresna
godhong nangka blopot pulutan
dokar andhong mlayu glondangan
bada teka pasrah keluputan
padha ngendhong akeh medhangan
kubah sumunar duwur mesjid
pralambang mustaka kinormatan luhur budi
bedug magrib kagayuh
kampret mabur kemlepat sendhekala
Allahu Akbar, Allahu Akbar...
adzan kumandang
pratanda buka puasa tumeka
adhem rasa adhem raga
sawise ngenteni sedina
nglakoni kewajiban
alhamdulillah
kubah sumunar duwur mesjid
pralambang mustaka kinormatan luhur budi
bedug magrib kagayuh
kampret mabur kemlepat sendhekala
Allahu Akbar, Allahu Akbar...
adzan kumandang
pratanda buka puasa tumeka
adhem rasa adhem raga
sawise ngenteni sedina
nglakoni kewajiban
alhamdulillah
gelar klasa neng jero guwa
guwa lawa nyambi tembangan
sewulan puasa nggayuh taqwa
dina riaya dina kemenangan
kracak, 6 Agustus 2013 M/28 Romadhon 1434 H
kracak, 6 Agustus 2013 M/28 Romadhon 1434 H
Wanto Tirta
IDUL FITRI
memandang langit
sibak awan
bulan melambai
memandang diri
mencium bumi
semesta rebah
padaMu
sumarah
memandang langit
sibak awan
bulan melambai
memandang diri
mencium bumi
semesta rebah
padaMu
sumarah
mrebesmili
tergopoh raih
idul fitri
kracak (Rabu, 6 Agustus 2013)/28 Romadhon 1434 H
tergopoh raih
idul fitri
kracak (Rabu, 6 Agustus 2013)/28 Romadhon 1434 H
Wanto Tirta
MUDIK
motor pit pating sliwer
elur ngebeki gili
padha boncengan
gawanane pating grandil
bis lan kendaraan liane
tumplek blek neng dalan
sing numpak rengosan
sepranak melu kabeh
sek-sekan ped-empedan
arep ambekan bae angel ngempose
motor pit pating sliwer
elur ngebeki gili
padha boncengan
gawanane pating grandil
bis lan kendaraan liane
tumplek blek neng dalan
sing numpak rengosan
sepranak melu kabeh
sek-sekan ped-empedan
arep ambekan bae angel ngempose
Iwak blanak iwak gereh
Mlaku lindik baris elur
Wong sepranak melu kabeh
Bali mudik niliki sedulur
sepur elur nrucuk ril sedawan-dawan
prau pating krumbul kampul-kampul neng segara
motor mabur pating sleber neng langit
koper gerdus dompet seisine lan sapanunggalane
berkat luruh pahal neng saba paran
degawa kabeh
najan wis kalakon mataun-taun
tetep dadi kawigaten
wong sing padha ndandheng ilen-ilen
tuku bandeng deret detata
detata rapi bungkuse ijo
lawas dandeng ngode neng kota
golet rejeki go anak bojo
kangen kulawarga lan desa
jerumi ati
mangkane terus kemrejot pengin bali
amung nedak siti utah getih
nembah maring bapa biyung
asung pasrah kaluputan
iwak sepat bumbune pera
menawi lepat nyuwun ngapura
kracak, 7082013; 29 Romadhon 1434
kangen kulawarga lan desa
jerumi ati
mangkane terus kemrejot pengin bali
amung nedak siti utah getih
nembah maring bapa biyung
asung pasrah kaluputan
iwak sepat bumbune pera
menawi lepat nyuwun ngapura
kracak, 7082013; 29 Romadhon 1434
Wanto Tirta
SILATUROKHIM
mangan bakwan ora krasa,
weruh jaburan kluban slada;
mau awan pada puasa,
wengi takbiran ngesuk bada.
nyenggol pulut neng para,
salah luput dengapura.
taqobalallohu minna wa minkun, mainal aizin wal faizin.
dodol es krim maju mundur,
ayuh silaturahim nyambung sedulur.
cendrawasih nyucuk soun,
trimakasih matur nuwun...
weruh jaburan kluban slada;
mau awan pada puasa,
wengi takbiran ngesuk bada.
nyenggol pulut neng para,
salah luput dengapura.
taqobalallohu minna wa minkun, mainal aizin wal faizin.
dodol es krim maju mundur,
ayuh silaturahim nyambung sedulur.
cendrawasih nyucuk soun,
trimakasih matur nuwun...
8-8-2013-1
syawal 1434
Tidak ada komentar:
Posting Komentar