Rabu, 10 Juli 2013



AREP PAWE

esuk udan nyiram badan
bumi teles remesep
srengenge angel mlethek
katutup mendung selangit

sapa kae ngawe-ngawe bocah gunung
aseng pawe neng alun-alun
mengeti dina agung tumrap wong banyumas
"hari jadi" sing urung dadi
esih dadi polemik

gelar panggung ngarep pendhapa
melu pawe seneng sewetara
klalen butuh golet butuh
sapa ngerti nemu rejeki
kena kanggo sangu nyukupi urip

arep pawe karepe sapa
sapa kae baris ngawe-ngawe
pawe gawe seneng sapa
sapa bakal seneng anane pawe
"hari jadi" urung nunggal budi
esih dadi penggalih para winasis
rembug kapan sing temtu temenan
nitis lair "hari jadi" banyumas

arep pawe sapa sing ngawe-ngawe
ora melu riwe-riwe ati tetap kecawe

benang lawe tiba nangsang
nangsang telu jiret pecut
arep pawe atine grungsang
ora melu atine kepencut

kracak 07042013


NONTON EBEG

bleketaket onine gendhing eling-eling
gela gelo maju mundur ndhat ndhut  ebeg ngibing
akeh sing nonton
lanang wadon
tua nom
gedhe cilik
jejer ndarik

bakul plendhungan thoat-thoet
bakul pecel ider golet rejeki pating sliwer

ning nong ning nep
ning nong ning gung
ebeg wuru sing nonton seneng
tambah umyeng surak bareng

eling-eling gendhing pangiring
sesenggakan sindhen lan penayagan
ebeg wuru mangan beling
wong wadhon weruh cincing-cincing
merek bocah nangis njempling

ning nong ning nep
ebeg wuru mlayu mlayu
matane mendelik awak ngececeng tangane kaku

umah gedhong cete biru
biru ireng kathon wagu
ana ebeg padha wuru
sing nanggap seneng mesem guyu

gendhing eling eling
ebeg ngibing ana sing guling
mangan pari kambi ngibing

kolang kaling garing klinthing
godhong waru layu kuning
eling eling padha sing eling
sawise wuru sadar maning

ebege mbigar kringet byuk-byukan
gulu ngelak pengin nginum
tilang tileng nubruk dawegan
gep wetenge teles atine adem

Pendapa Wabub Bms13062013


BUDAYA JAWA

Inyong sapa rika sapa  
Mau bengi ngimpi apa
Jagong bareng neng “cipta rasa”
Rika crita basa sastra lan aksara jawa

Ana lawa nyucuk ganyong
Nyenggol ramat  uwit nangka
Basa jawa basa inyong
Ayuh derumat  kon dadi kangwong

Perda njeprah aturan njacrah
Kepenginan mambrah-mambrah
Kanggo memetri basa kambi sastra jawa
Ningen tingkah polah esih nggedabyah neng bebrayan
Adoh karo gegayuhan
Jere pendidikan “berkarakter”
Malah akeh bocah keblinger

Rika sapa inyong sapa
Pandeng-pandengan gendhu-gendhu rasa
Saling asah asuh asih golet kecik ngelmu luhur
Ling kineling sambung rasa
Rembug budaya neng bebrayan

Ngidek beling buri sepur
Sepur  dhuwur nabrak guwa
Padha eling ayuh sedulur
Junjung dhuwur budaya jawa

Eling eling sing eling balia maning
Ngemu ngening luhur budi
Mungguh budaya jawa misuwur

Nutur beton tudungan payung
Agi nggeneni karo suluh runtah
Tuwa enom ayuh  nyengkuyung
Aja ngenteni prentah pamarentah

Nylinguk ngiwa nyangking kanthong
Nyangklong panci dupak bangkong
Budaya jawa budayane inyong
Aja ngasi decolong ngewong

Purwakerta 18062013



Tidak ada komentar:

Posting Komentar