Senin, 22 Oktober 2012

NGLAMAR 2


Hapus
Blogger wanto tirta.
NGLAMAR 2

swasana anyeb nggelalur
neng pinggir wit-witan buri umah
nunggu dina tumeka
kangen sing mededed ngrumbakan neg ngisor wit klapa

krasa banget anggon ngenteni
lamun kemlayang tumiba karo banyu udan neng tritikan

sawise detik benik
jumbuh mring gegayuhan
tekad mantep agep matur sesepuh calon maratuwa

siki apadene ngesuk ngenteni apa
umur wis deanggep cukup
pegawean wis kaleksanan

kulup moga begja awakmu
inyong kanggo wong tuwa
ngestreni panggayuhmu
wengi kiye bocah wadhon sing agi dadi gegayuhan ati sliramu
bakal tek tembung dadi sisihan uripmu
banjur tek jiret ati pikiran lan tindhakane supaya ora ugal lan uwal sekang kepenginanmu

malem jum'at kapilih
dadi peneksi tekadmu lan tekad inyong
nuli nyambung sih kasmaran
awakmu bocah bagus anak lanang inyong
kambi bocah ayu ngemu ahlakulkarimah
muga-muga impen katresnan dadi wujuding pangibadah maring gusti Allah

Kranggan,19 Oktober 2012

Tidak ada komentar:

Posting Komentar