Wanto Tirta
NGLAMAR
---susanto
udan nggebret banyu mlarah mlarah
ati kemrejot pengin gagian teka ngumah
nuju nglamar gadis pilihan
sing wis suwe dadi kanthilan
numpak sedan sangu tomat
mlebu kamar nyambi genthoakan
najan udan tetep semangat
mangkat nglamar calon gendhakan
kawit awan ati jumpaleran
bekakas gawan wis cemawis neng bungkusan
kamitua lan sedulur melu bungah arep teka
saya suwe wengi gumlewang
udan gedhe gemerot
krasa suwe ora butul panggonan
niat nglamar tekan ati
wong tua gathuk sing wadon manthuk
ali-ali sawiji kanggo jiret katresnan
sing balung sungsum tumeka batin
inyong jiret awakmu uga jiret ati lan pikiranmu
supaya trep nyawiji
niat ingsun bangun umah kulawarga
tuku saklar maring mekah
klambi ijo tengahe lurik
rampung nglamar niat nikah
dadi bojo selawase urip
Kranggan, 18102012
Tidak ada komentar:
Posting Komentar