Guritan Banyumasan : Wanto Tirta
LAYANGAN PINGGIR SEGARA
----kanggo kadang Badrudin Mc
sempyak empyok banyu segara
gojegan neng paweden
ngetung lamuk uber uberan
...
mripat tumuju tengah segara
adoh tanpa wangun
nglangut jingut
tan kena tinukur
e lah kae layangan mabur
kasendal benang
sendat sendut buntute egal egol
sangsaya duwur ati kemrejot
pengin melu mabur
pangandaran, 08092012
LAYANGAN PINGGIR SEGARA
----kanggo kadang Badrudin Mc
sempyak empyok banyu segara
gojegan neng paweden
ngetung lamuk uber uberan
...
mripat tumuju tengah segara
adoh tanpa wangun
nglangut jingut
tan kena tinukur
e lah kae layangan mabur
kasendal benang
sendat sendut buntute egal egol
sangsaya duwur ati kemrejot
pengin melu mabur
pangandaran, 08092012
Wanto Tirta
NGERSULAH
awan grungsang padang nglinthang
kringet dleweran
ngemu nesu golet dalan pepadang
...
awan grungsang padang nglinthang
kringet dleweran
ngemu nesu golet dalan pepadang
...
anak pating
kriyek
mangan seanane
rejeki ana najan amung seceret
ningen banyu mili
tek rasa apa kurang sukur maring gusti allah
apa merga penyanggah sing urung kesangga
elah tumekane bathuk
krasa umeb
kaya genen areng kayu angsana
kukus kumebul nutupi langit
abot sanggane
angger ora duwe wathon
wathon oyag angger ora netrep karo wewaler
nandur nanas pinggir bayem
tegean bayem dinum marem
swasana panas ati kudu adhem
ati adhem urip tentrem
19092012

BANYU
mangsan terang kaya kiye
banyu dadi kawigaten sapa bae
neng tulakan dadi rejengan
...
mangsan terang kaya kiye
banyu dadi kawigaten sapa bae
neng tulakan dadi rejengan
...
nganti
bithen paten-patenan
ora eling kanca batir utawa sedulur
mung kepengin kumudu bisa banyu mili maring sawah
ledheng crat cret
kali galur banyune sat
rebutan gawe belik jlubangan banyu resik
kanggo nginum umbah-umbah adus lan liane
mansan udan dalan kaya kali
mangsan terang kali kaya dalan
tetanduran garing nglinthing siniram banyu ijo sumekar
wong urip ngombe banyu rasa adem awak seger
banyu panguripan dzat sing maha agung
banyu jati sejatining banyu
bisa gawe gegoh sapadha-padha
banyu sukma jati angger tumiba papan sing dudu kuwajibane
dadi perang sekandhang benthang
urusan pulisi hukum lan pengadilan
banyu
setetes nuli samubarang panguripan
23092012

TERANGAN
krasa nglintang suket nglinting
adoh udan suwe pangarep
kleang gumlewang gambang plataran
...
krasa nglintang suket nglinting
adoh udan suwe pangarep
kleang gumlewang gambang plataran
...
klaras
gedang robat rabet
sinigar barat sing kemlepat
terangan sing wis semana suwene
wong tani ngewangwung
ati suwung gamplung
ngenteni udan tumiba
arep nandur
nandur apa
ora nandur butuh isi slepa
sawah pating bledhag
pekarangan garing
wong tani mung nyekeli cething
isi jrangking
23092012
sinigar barat sing kemlepat
terangan sing wis semana suwene
wong tani ngewangwung
ati suwung gamplung
ngenteni udan tumiba
arep nandur
nandur apa
ora nandur butuh isi slepa
sawah pating bledhag
pekarangan garing
wong tani mung nyekeli cething
isi jrangking
23092012
Wanto Tirta
KALI SERAYU
---cathetan kanggo Kang Ahmad Tohari
kali dawa sedawan dawan
wong wong elur golet panguripan
mlipir pinggir nganti tekan nyebur tengah
wedhi dekeruk ora wedi mbok pinggire ambruk
iwak dekalani dearah
kanggo pahal nyambung urip kulawarga
mragadi anak
banyune sing mlarah-mlarah
deilekna kanggo wong tani sing padha nyawah
najan terangan tetep bae mili tekan ngendi ora
anggere mangsan udan
ombake gemebyur mamplah-mamplah kaya arep wutah
gegirisi tumprap umah sing neng pinggire
kali serayu sumber panguripan
kena kanggo nambani mripat mrebes mili ora duwe dhuit
aruse deres tumuju segara kidul

NGETUNG
DHETIK
--- catehtan kanggo Bapa Madsolikhin
deleng langit swasana selot wengi nambah wingit
dhetik tiba pating tledhik
uni jangkrik ngikrik nyogoki kuping dadi ora arip
...
--- catehtan kanggo Bapa Madsolikhin
deleng langit swasana selot wengi nambah wingit
dhetik tiba pating tledhik
uni jangkrik ngikrik nyogoki kuping dadi ora arip
...
ngablak-ngablak
derik garing
nambah mrinding ati sing agi muring
ngetung dhetik sing tiba pating tledik
tek jukuti cut saiji
tlaten kanggo metani urip neng bebrayan
dina lan pasaran
tumempel kalender cemanthel neng pager padha uber-uberan
ngegla
ngawe-ngawe maring sapa bae
sing tumindhak becik apadene sing polah ala
konane waspadha
surup srengenge bakal bali maring kandhange

BRITA BOCAH
SMP MATI DETUNJLEP BLATHI
--- cathetan kanggo Prasetyo Braling
maca koran brita bocah SMP mati detunjlep blathi neng batire dhewek
babagan sms-an dadi pambuka jothakan
banjur gelut sajrone sekolahan
getih metu dleweran
ora kuwat nahan lara
neng dalan nuju rumah sakit ora ketulungan
sekolah panggonan golet kapinteran
pendidikan karakter agi kanggo wulangan
mung dedisiti nyek nyekan
tebusan nyawa dadi ilang
ngelus dada rasa kamanungsan nggrentes tanpa wates
miris tanpa garis
tata krama lan budaya sopan santun kaya meh ilang
kudu cekelan apa sing dadi paugeran

CRITA WUTAH
PINGGIR SEGARA
---cathetan kanggo : Kang Bandi
neng pinggir segara ngadangi barat kuplepat
rambutmu melu kekipat
ngrembyak ngombak banyu
pasuryan sing katon ayu nambah kemayu tanpa gincu
paweden sing agi go gojegan wisatawan
nambah amba
kaya ambane ati inyong sing gumelar ngrembaka kembang mawar
banyu segara sing asin tek rasa manis ngungkuli gula batu apadene madu
kesukuran dene bisa buka crita
tek wutahna neng ombak segara
byar
....
mripat tumuju dengak
mung langit biru
jebul sing bisa batiri tekan srengenge mlebu

IMPEN MELEK
JERO ATI
--- cathetan kanggo Bambang Set
jublegan trotoar pinggir alun alun
wringin detebang awan wengi katon padang
suket ngrembaka saben esuk desiram
deleng ngalor si panji ngadeg prekasa dadi satria praja
gendhera merah putih kemlebet ngipasi jagat
bocah-bocah pada dolanan
jiglongan bal-balan
nom-noman pating semendeh padha gendhakan
luthak-luthik sinambi nyiwit
krungu krasak krisik lan cekakak cekikik
satlerapan mripat madhep ngidul mangwang
gedhong dhuwur magrong-magrong
papan dodol sing jere arane mall
e lah kae bos katon bombong neng jero gedhong
ngetung bathi sedawan gili
mripat tek ucek kayong kelilipen impen
punggawa kajen rakyat mlipir kejungkir-jungkir
alun-alun rata ngegla resik ora ana kaki lima
pisan kala ana kaki-kaki lima ngedengna tlapak tangan
nyuwun paring awak gering kurang pangan
nasib kejengking kelangan papan pahalan
kasikut pasar modern sing jeprah neng ndi papan
inyong blayang ngadeg mentheng kelek dhuwur loteng
mangwang pendhapa katon endhep
kaseser asor katlindes piwales
apa ilok karibawan ilang merga dagangan go tunggangan
elah aja ngasi pakurmatan kasengsem dening pasogatan
pasogatan nglibed kamardikan pikir lan kawicaksanan
sahingga jujur ajur
bali ngumah ora bisa sukur sababe lali karo illahi
ngugemi nafsu kuwasa
nguwasani sakabehing daya ninggal wathon
subhanallah
250902012

PADANG WULAN
cathetan kanggo : Eyang Nardi
wulan setampir sumunar
langit gumelar ngubengi jagad
hawa adem merga terangan
srepet remesep linu neng balung
klinthang klinthung sinambi ronda
udud ngempos lambe anget
nyawang lamuk brinangan kaya sisik iwak
september sing kari sekliyepan
pucuk wanci sing dadi gegering jagad
laire orde baru
kemlepat blayangan jaman kuna
urip bebrayan pating pedigas
kuwatir melu kecathet kitir
degawa petugas nyangklong bedhil
mung sarana awangan nyawa bisa ilang
tumekaha siki dadi crita sujarah lamur
tanpa sorot ngegla sing nerangna laku endi becik endi ala
para winasih pada agul pinemu
politisi rebut bener
kulawarga wong sing mati dadi korban gerakan september
seprana seprene sumelang
padang wulan neng sasi september
tangga batir jemuwah kliwon bubar apitan
sedekah bumi sukur maring gusti
moncer padhang wulane kemutan taun sewidhak lima
geger gerakan 30 september
akeh wutah getih lan pati
tekan siki esih ana klambu sing urung sesingkap
29092012

KELANGAN GENDHAKAN
metu jaba padhang wulan
mlaku-mlaku neng latar gragalan
dengak dhuwur wulane mabur
nglabur langit katon apik
malem minggu wulan apit
timbang mlaku suka ngepit
genjot pedhal sandhal jepit
golet pahal nyambung urip
padhang wulan tanggale tuwa
ngetung dhina enggal teka
gaji sepira mbuh kedhuman apa ora
utang wingi esih ana nambah maning dadi gomblah
padhang wulan malem minggu
para mudha apel gendhuk
jagong jejer anthak anthuk
nyenggol pipi murug bathuk
pengin ngesun jago kluruk
ati kaget tiba nglempuruk
calon mertua weruh muruh-muruh
jukut alu menthung sirah nganti mlenthung
gendhukan wurung ora sida katembung
bali nglanthung ilang rembug
ati suwung urip ngewangwung
padhang wulan ilang cahyane
kasirep nepsu mora ukara
sukma ngumbara ilang surasa
pengin gendhakan ora kaleksanan
dina wengi kaya wong edan
genthoakan kewowongan turut dalan
ngundhangi prawan ora sopan
ealah edan kelangan gendhakan

JAMAN EDAN
jamane jaman edan
nini nini kaya prawan
mlaku-mlaku terut dalan
nyekel hape gentawilan
ngadang bujang go gebedan
katok setrit ngapret pisan
jengat jengit meh kewudan
garis kuris alis kathon jlithit
nganggo sepatu hak duwur jentrak jentrik
pipi kempot rai penyok
katon mempur delabur pupur
monthor-monthor deganjel susur
idoh dubang leweh-leweh kaya lipstik
kemayu lenggak lenggok
jamane jaman edan
kaki kaki kaya bujang
clana cungklang kanggo gemagusan
tiru turis basa inggrisan
kumis jepaplang prangas pringis goleti gadis
nyandang necis uwan putih desemir ireng katon klimis
umur pitung puluh ngaku pitulas taun
anak jeprah putu mlarah mlarah ora dearah
pengawake gagah apa-apa arep decanggah
kur omonge gedhe sesumbar
butul jige sumarah nglemberek
napsu gedhe tenaga kurang
jamu kuwat nutup wirang
wegah kasoran awak degawe dregang
jamane jaman edan kaki kaki kaya bujang
singsot singsot turut dalan
ngadang gadis ngadang prawan
arep go gendhakan degawa plesiran
deseng boncengan sinambi grenengan
tangan cekelan nyikep anget temenan
srabat sribit mubeng-mudeng deleng pemandhangan
jamane jaman edan nini nini kaya prawan
golet gebedhan sing esih bujang
buang kesepian golet kawibawan
duit akeh ora etungan
sing penting heppy bisa pacaran
tiru sinetron tante girang
ora eling umur pitung puluhan
jamane jaman edan
ebeg wuru mangan dawegan
nimbang edan gawe guritan
nglipur pikir adoh sing setan
ati tentrem urip ayem
ngibadah tumaninah golet urip khusnul khotimah
bangun keluarga sakinah mawadah wa rohmah
30092012

UDAN SORE
---cathetan kanggo : Dharmadi
sore anyeb
grimis nitis tritikan
pating
tledik
ulah ati
miris atis
olah rasa
ngumbara sukma
ginayuh udan
sue lawase
godhong
garing pating klampring
tanduran
alum kurang inum
sumur sat
banyu ilang
tuk pancuran
mampet
lemah
bledhag
semribit
barat sore gawa udan
gendheng
ngglosor umah padha turuh
banyu gejah
terut umah
pekarangan
teles
ati bungah
ngesuk maring alas
nandur winih
albasia
udan sore
banyu mili
nelesi ati
sing lungkrah
susah ilang
adem remesep tentrem
semendeh
awak maring gusti sing sugih rejeki
ngesuk toli
srengenge mlethek
padhang awan
padha ongkek golet pangan
sumebar
ngrungkebi jagad
07092012
Tidak ada komentar:
Posting Komentar