Wanto Tirta
BADA AJA BADA BUDU
bada aja bada budu
ora duwe duit aja nesu
ihlas sedya mring kekarepan
neba dedepe mring gusti
atur puji sadaya kinormatan
manungsa amung lakon laladan
bada aja bada budu
ora duwe duit aja nesu
ihlas sedya mring kekarepan
neba dedepe mring gusti
atur puji sadaya kinormatan
manungsa amung lakon laladan
bada aja bada budu
ngendong tangga andong medang
akeh panganan terut umah
mangkat urung sarapan mangan nyamikan
kabeh deampad
weteng wareg mlaku kangelan
brayan dunya bebarengan urip
guneman sapadha-padha
lambe tanpa balung
pangucap mambrah-mambrah
lunga poyan golet banda
akeh banda sugih sepira
urip brayan neng alam dunya
agi bada pada ngapura
bada aja bada budu
lewih becik sukur maring gusti akarya jagat
bisa pinanggih karo dina idul fitri
sakabehing umat tanpa sabab padha ngaku salah
mulya ati mulya jiwa
esih bisa nyuwun pangapura
ngemu lenga aja duntal
gawe gapura nganggo kaca
romadhon lunga teka syawal
jaluk ngapura maring kanca
sujud dedepe karo wong tuwa
asung bekti neng dina fitri
bada aja bada budu
lewih becik sukur maring gusti akarya jagat
bisa pinanggih karo dina idul fitri
sakabehing umat tanpa sabab padha ngaku salah
mulya ati mulya jiwa
esih bisa nyuwun pangapura
ngemu lenga aja duntal
gawe gapura nganggo kaca
romadhon lunga teka syawal
jaluk ngapura maring kanca
sujud dedepe karo wong tuwa
asung bekti neng dina fitri
gawa buyung aja pethakilan
weruh gotri agi degoleti
bapa biyung dadi kanthilan
dina fitri ayuh ngabekti
kracak 08082013 1 syawal 1434
Wanto Tirta
RINDU MBOKE
rindu menggunung
dendam menumpuk
bertahun tak terkerat
menggelinjang jiwa
di pelataran rumah
tumpah ruah
air mata dan rasa dosa
sambil sesenggukan
sebut kau dalam dalam
mboke
rebah segala salah
bakti segala upaya
padamu bermuara
kracak 8082013
*Mboke sebutan bagi Ibu di lingkungan desaku
Wanto Tirta
MESAM MESEM DHEWEK
romadhon wis liwat syawal tumapak
jagong bale mesam mesem dhewek
deleng poto bapa biyung sing wis seda jejer dharik karo anak putu
dong lebaran sepuluh taun kepungkur
sawise adhi lan keponakan wis padha bali
umah lawas dadi batir kawit cilik
romadhon wis liwat syawal tumapak
jagong bale mesam mesem dhewek
deleng poto bapa biyung sing wis seda jejer dharik karo anak putu
dong lebaran sepuluh taun kepungkur
sawise adhi lan keponakan wis padha bali
umah lawas dadi batir kawit cilik
kanggo urip sakulawarga
tumeka siki wis padha tuwa lan duwe anak
tumeka siki wis padha tuwa lan duwe anak
garan kuwas kayu jati
gaman
kudi olih semedi
umah
lawas dadi prasasti
nunggal
budi tuhu nyawiji
najan wong tuwa sekeloron wis ora nana
umah wong tuwa dadi susuh
mangkat lan bali sebrayat
kanggo jiret kulawarga
tepung peseduluran
ora kena ana cidra
apa maning gonthok-gonthokan
cecongkrahan rebutan warisan
gleweh gurisan ugal-ugalan
mangan rambutan pating slimpetan
umah warisan dadi tinggalan
aja rebutan sabab titipan
romadhon wis liwat syawal kapanggonan
mengkanaha idul fitri tetep manggon jenjem neng jero ati
kapacak neng tingkah laku
kanggo wujud nepi pasa sesasi
nggayuh muttaqin maring gusti
kracak 11082013
Wanto Tirta
APAKAH
apakah romadhon hanya kenangan
yang datang dan pergi tanpa meninggalkan prasati
kemarin atau esok bergulir lalu lalang tak berbelang
demikian pula idul fitri selalu dinanti
diagungkan umat dari pelosok negeri
dengan berbinar lailatul qodar
berbondong nyadong
menghadang limpakan berkah ampunan
beribu bulan seolah menumpuk dalam gunungan
apakah sekian lama bercengkerama salah dan dosa
mohon ampunan bermaaf-maafan menangis
kemudian datang lagi
kembali berlumuran salah dan dosa
seperti tak berarti
selalu rindu
lepas lagi
rindu lagi
lepas lagi
Bagai
main petak umpet
kapan berkaca pada diri
untuk bersih dari duri
sehingga hati bersih niat korupsi
dan negeri ini jadi makmur
beradab demokrasi
apakah akan dibiarkan romadhon beriringan pergi
dengan idul fitri
jangan
menepilah pada diri
menepilah pada hati
menepilah pada nurani
menjadi insan kamil
kracak 11082013
Wanto Tirta
TUMPAH
hujan tumpah
segala rasa bergelora
iba tak lagi tertahan
musik melaju dalam irama tralala
laut hati bergelinjang
menapaki ombak mengambang
jemari angin
melambaikan seonggok cinta
tumpah rasa
tumpah segala
tumpah
pah
...
11062013
hujan tumpah
segala rasa bergelora
iba tak lagi tertahan
musik melaju dalam irama tralala
laut hati bergelinjang
menapaki ombak mengambang
jemari angin
melambaikan seonggok cinta
tumpah rasa
tumpah segala
tumpah
pah
...
11062013