Sabtu, 04 Mei 2013

TERANGAN

krasa nglintang suket nglinting
adoh udan suwe pangarep
kleang gumlewang gambang plataran
klaras gedang robat rabet
sinigar barat sing kemlepat

terangan sing wis semana suwene
wong tani ngewangwung
ati suwung gamplung
ngenteni udan tumiba

arep nandur
nandur apa
ora nandur butuh isi slepa

sawah pating bledhag
pekarangan garing
wong tani mung nyekeli cething
isi jrangking

23092012
NGETUNG DHETIK

deleng langit swasana selot wengi nambah wingit
dhetik tiba pating tledhik
uni jangkrik ngikrik nyogoki kuping dadi ora arip
...
ngablak-ngablak derik garing
nambah mrinding ati sing agi muring

ngetung dhetik sing tiba pating tledik
tek jukuti cut saiji
tlaten kanggo metani urip neng bebrayan

dina lan pasaran
tumempel kalender cemanthel neng pager padha uber-uberan
ngegla
ngawe-ngawe maring sapa bae
sing tumindhak becik apadene sing polah ala
konane waspadha
surup srengenge bakal bali maring kandhange

23092012
NGERSULAH

awan grungsang padang nglinthang
kringet dleweran
ngemu nesu golet dalan pepadang
anak pating kriyek
mangan seanane
rejeki ana najan amung seceret
ningen banyu mili

tek rasa apa kurang sukur maring gusti allah
apa merga penyanggah sing urung kesangga
elah tumekane bathuk
krasa umeb
kaya genen areng kayu angsana
kukus kumebul nutupi langit

abot sanggane
angger ora duwe wathon
wathon oyag angger ora netrep karo wewaler

nandur nanas pinggir bayem
tegean bayem atine marem
swasana panas ati kudu adhem
ati adhem urip tentrem

19092012
BANYU

mangsan terang kaya kiye
banyu dadi kawigaten sapa bae
neng tulakan dadi rejengan
nganti bithen paten-patenan
ora eling kanca batir utawa sedulur
mung kepengin kumudu bisa banyu mili maring sawah

ledheng crat cret
kali galur banyune sat
rebutan gawe belik jlubangan banyu resik
kanggo nginum umbah-umbah adus lan liane

mansan udan dalan kaya kali
mangsan terang kali kaya dalan
tetanduran nglinthing butuh banyu
wong urip butuh banyu
kewan urip butuh banyu

banyu jati sejatining banyu
bisa gawe gegoh sapadha-padha
banyu sukma jati angger tumiba papan sing dudu kuwajibane
dadi perang sekandhang benthang
urusan pulisi hukum lan pengadilan

banyu
sapa bae prelu kanggo panguripan

23092012

CRITA WUTAH PINGGIR SEGARA

neng pinggir segara ngadangi barat kuplepat
rambutmu melu kekipat
ngrembyak ngombak banyu
pasuryan sing katon ayu nambah kemayu tanpa gincu

paweden sing agi go gojegan wisatawan
nambah amba
kaya ambane ati inyong sing gumelar ngrembaka kembang mawar
banyu segara sing asin tek rasa manis ngungkuli gula batu apadene madu

kesukuran dene bisa buka crita
tek wutahna neng ombak segara
byar
....
mripat tumuju dengak
mung langit biru
jebul sing bisa batiri tekan srengenge mlebu

pangandaran, 08092012

IMPEN MELEK JERO ATI

jublegan trotoar pinggir alun alun
wringin detebang awan wengi katon padang
suket ngrembaka saben esuk desiram

deleng ngalor si panji ngadeg prekasa dadi satria praja
gendhera merah putih kemlebet ngipasi jagat

bocah-bocah pada dolanan
jiglongan bal-balan
nom-noman pating semendeh padha gendhakan
luthak-luthik sinambi nyiwit
krungu krasak krisik lan cekakak cekikik

satlerapan mripat madhep ngidul mangwang
gedhong dhuwur magrong-magrong
papan dodol sing jere arane mall
e lah kae bos katon bombong neng jero gedhong
ngetung bathi sedawan gili
mripat tek ucek kayong kelilipen impen
punggawa kajen rakyat mlipir kejungkir-jungkir

alun-alun rata ngegla resik ora ana kaki lima
pisan kala ana kaki-kaki lima ngedengna tlapak tangan
nyuwun paring awak gering kurang pangan
nasib kejengking kelangan papan pahalan
kasikut pasar modern sing jeprah neng ndi papan

inyong blayang ngadeg mentheng kelek dhuwur loteng
mangwang pendhapa katon endhep
kaseser asor katlindes piwales
apa ilok karibawan ilang merga dagangan go tunggangan

elah aja ngasi pakurmatan kasengsem dening pasogatan
pasogatan nglibed kamardikan pikir lan kawicaksanan
sahingga jujur ajur
bali ngumah ora bisa sukur sababe lali karo illahi
ngugemi nafsu kuwasa
nguwasani sakabehing daya ninggal wathon

subhanallah

250902012
SRENGENGE JEJEG

srengenge neng dhuwur sirah
panas gerah
gawean akeh moga berkah
sadawane ngadepi ruwed renteng panguripan
amung sedya sing kukuh
ngrungkebi ati

kringet sejagung-jagung pating tledik
tiba neng tegalan
pratanda wektu dhuwur tumiba

adzan kumandhang
ngajak manungsa tumandang
asung bekti maring sing maha agung
Gusti

27082012
JAMAN EDAN

jamane jaman edan
nini nini kaya prawan
mlaku-mlaku terut dalan
nyekel hape gentawilan
ngadang bujang go gebedan
katok setrit ngapret pisan
jengat jengit meh kewudan
garis kuris alis kathon jlithit
nganggo sepatu hak duwur jentrak jentrik
pipi kempot rai penyok
katon mempur delabur pupur
monthor-monthor deganjel susur
idoh dubang leweh-leweh kaya lipstik
kemayu lenggak lenggok

jamane jaman edan
kaki kaki kaya bujang
clana cungklang kanggo gemagusan
tiru turis basa inggrisan
kumis jepaplang prangas pringis goleti gadis
nyandang necis uwan putih desemir ireng katon klimis
umur pitung puluh ngaku pitulas taun
anak jeprah putu mlarah mlarah ora dearah
pengawake gagah apa-apa arep decanggah
kur omonge gedhe sesumbar
butul jige sumarah nglemberek
napsu gedhe tenaga kurang
jamu kuwat nutup wirang
wegah kasoran awak degawe dregang

jamane jaman edan kaki kaki kaya bujang
singsot singsot turut dalan
ngadang gadis ngadang prawan
arep go gendhakan degawa plesiran
deseng boncengan sinambi grenengan
tangan cekelan nyikep anget temenan
srabat sribit mubeng-mudeng deleng pemandhangan

jamane jaman edan nini nini kaya prawan
golet gebedhan sing esih bujang
buang kesepian golet kawibawan
duit akeh ora etungan
sing penting heppy bisa pacaran
tiru sinetron tante girang
ora eling umur pitung puluhan

jamane jaman edan
ebeg wuru mangan dawegan
nimbang edan gawe guritan
nglipur pikir adoh sing setan
ati tentrem urip ayem
ngibadah tumaninah golet urip khusnul khotimah
bangun keluarga sakinah mawadah wa rohmah

30092012
UDAN SORE

sore anyeb grimis nitis tritikan
pating tledik
ulah ati miris atis
olah rasa ngumbara sukma

ginayuh udan sue lawase
godhong garing pating klampring
tanduran alum kurang inum
sumur sat banyu ilang
tuk pancuran mampet
lemah bledhag

semribit barat sore gawa udan
gendheng ngglosor umah padha turuh
banyu gejah terut umah
pekarangan teles
ati bungah ngesuk maring alas
nandur winih albasia

udan sore banyu mili
nelesi ati sing lungkrah
susah ilang adem remesep tentrem
semendeh awak maring gusti sing sugih rejeki
ngesuk toli srengenge mlethek
padhang awan padha ongkek golet pangan
sumebar ngrungkebi jagad

07092012
KALI SERAYU

kali dawa sedawan dawan
wong wong elur golet panguripan
mlipir pinggir nganti tekan nyebur tengah
wedhi dekeruk ora wedi mbok pinggire ambruk
iwak dekalani dearah
kanggo pahal nyambung urip kulawarga
mragadi anak

banyune sing mlarah-mlarah
deilekna kanggo wong tani sing padha nyawah
najan terangan tetep bae mili tekan ngendi ora

anggere mangsan udan
ombake gemebyur mamplah-mamplah kaya arep wutah
gegirisi tumprap umah sing neng pinggire

kali serayu sumber panguripan
kena kanggo nambani mripat mrebes mili ora duwe dhuit
aruse deres tumuju segara kidul

23092012
AREP PAWE

esuk udan nyiram badan
bumi teles remesep
srengenge angel mlethek
katutup mendung selangit

sapa kae ngawe-ngawe bocah gunung
aseng pawe neng alun-alun
mengeti dina agung tumrap wong banyumas
"hari jadi" sing esih dadi polemik

gelar panggung ngarep pendhapa
ayuh pawe seneng sewetara
klalen butuh golet butuh
sapa ngerti nemu rejeki
kena kanggo sangu nyukupi urip

arep pawe karepe sapa
sapa kae baris ngawe-ngawe
pawe gawe seneng sapa
sapa bakal seneng anane pawe
"hari jadi" sing urung nunggal budi
esih dadi penggalih para winasis
rembug kapan sing temtu temenan
nitis lair "hari jadi" banyumas

arep pawe sapa sing ngawe-ngawe
ora melu riwe-riwe ati tetap kecawe

benang lawe tiba nangsang
nangsang telu jiret pecut
arep pawe atine grungsang
ora melu atine kepencut

kracak 07042013